Merga kurang sajen, penangsang-e pedhot otote

Dheweke nedya luwih ngraketake paseduluran antarane Jawa lan Cina lumantar kegiatan seni budaya Jawa, mligine kethoprak. Tumrap Lien, kethoprak wis ora asing maneh, amarga awit cilik wis kerep nonton kesenian mau. Mula dheweke ya apal karo tokoh-tokoh kethoprak sing cukup kondhang ing wektu semana, kaya dene Basiyo, Cokrodjijo. Murtirin, Suripto, Marsidah, lsp. Pranyata pepenginane Pak Liem disengkuyung dening tangga kiwa-tengene, embuh Cina embuh Jawa, saka sing enom tekan sing tuwa kabeh nggabung ing paguyuban.

Sawise paguyuban mau temen-temen madeg lan mapan, sadurunge pentas sepisanan diwenehi jeneng ”Cipta Manunggal Budaya”, sing mengku teges jero yaiku manunggale wong Jawa lan Cina bebarengan nyengkuyung kabudayaan Jawa. Paguyuban madeg tanggal 19 Februaru 1990. latihan ditindakake kanthi ajeg, sing nglatih anggotane dhewe, yaiku Joko Ari Purnomo kang pancen tokoh kethoprak saka kampung kana. Asring uga ngaturi tokoh-tokoh saka jaba. Saya suwe saya grengseng, undangan pentas saya mbanyu mili, njalari jeneng Cipta Manunggal Budaya saya kumlebet.

Miturut bapak peputra lima iki, ana lakon cacah telu sing kudu disajeni kanthi komplet, yaiku Arya Panangsang, Suminten Edan, lan Angling Darmo. Piyambake diwanti-wanti gurune, aja wani-wani mbabar lakon mau yen tanpa sajen wujud kembang menyang lan ingkung pitik cacah telu. Tau, paguyubane nggelar lakon Arya Panangsang ing Bantul. Liem ya wis njaluk sarat sajen lan disaguhi panitiane. Nalika iku Liem dhewe sing dadi Arya Panangsange. Ing adegan nggebrak meja dadakan piring isi sega salawuhe pecah, belinge nancep ing tangane nuwuhake tatu jero, njalari otote pedhot lan gethihe mblabar5 nenesi awak sakojur.

Bareng ditlusur pranyata sajenr ana sing disuda. Kudune ingkunge cacah telu ning mung diwenehi loro. Bar kedadeyan kuwi Liem luwih ngati-ati, yen ana lakon sing kudu disajeni tansah dicek luwih dhisik supaya aja nemoni apes. Pancen aneh, naning nyatane pancen mangkono. Liem optimis Cipta Manunggal Budaya lestari awit generasi mudhane wiwit gelem latihan lan mlebu dadi anggota.

Sanajan umur 14 taun nanging Cipta Manunggal Budaya wis bola-bali ngrebut juara festival kethoprak tingkat kota dalah tingkat propinsi. Iki sing marai Liemsaya mantep nguri-uri budaya Jawa, mligine seni kethoprak.

Tidak ada komentar: